RENUNGAN WARTA GEREJA GKJ KLATEN MINGGU, 28 JANUARI 2024

ANTARA PENGETAHUAN & KASIH

( “Antawisipun Pangertosan & Katresnan” )

 (Markus 1:21-22)21  Yésus lan para sakabaté banjur padha tekan ing Kapèrnaum. Bareng dina Sabat, Panjenengané énggal-énggal mlebet ing papan pangibadah sarta memulang. 22  Wong-wong padha gumun banget marang piwulangé, awit Panjenengané iku maringaké piwulang kayadéné kang kagungan pangwasa, lan ora kaya para ahli Torèt.

“ Salam rahayu, mugi katentreman, kawilujengan, saha berkah saking Gusti Yesus wontena ing para sederek sedaya “

                            Para sederek ingkang setya dhumateng Gusti Yesus; pangertosan bab sintenta Gusti Yesus Kristus lan mangertosi mawarni-warni bab Yesus Kristus sacara tata ilmu pengetahuan theology punapa sejarah suci saking mawarni-warni sumber kitab agami, buku sejarah, punapa ugi piwucaling para Begawan akhli kitab-kitab sucia; mboten ateges bilih pangertosan bab Gusti Yesus punika ugi sebobot kaliyan maknaning gesang patunggilan ing antawis panjenengan kaliyan Gusti Yesus. Pangertosan mboten sak bobot kaliyan patunggilan utawi pitepangan. Mila panjenengan sesambetan kaliyan Gusti Yesus punika mboten cekap dumugi ing pantaran pangertosan, ananging sagedta ngantos dumugi pitepangan.

              Gusti Yesus wekdal semanten sampun nindakaken pakaryanipun ing jagad. Mlebet-medal saking satunggal papan pangabekti sinagoge, punapa Bait Suci setunggal datang papan pangabekti sanes ipun. Saha sak lebetipun ndlajah papan-papan pangabekti kala wau sinarengan Gusti Yesus medharaken sabdha suci pangandikanipun Gusti Allah ingkang kawaosaken, kawedharaken, punapa dene sami dipun gegilut srana pitakenan-pitakenan ingkang dipun agem panyuraos sesarengan kaliyan sagolonganing tiyang-tiyang Yahudi, Akhli Toret, lan para wasis wicaksana wegdal semanten. Kasunyatan saben Gusti Yesus ngandharaken piwucalipun, sami dipun gatosaken kanthi tumemen dening para tiyang kathah ingkang nderek ngibadah punika. Saha mboten sekedik tiyang ingkang saestu-estu nggatosaken piwucalipun Gusti Yesus kanthi tumemen. Ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang mirengaken piwucalipun Gusti Yesus lajeng sami ngungun lan ngalembono kanthi eram dhateng cara lan isi piwucalipun. Mila salajengipun Gusti Yesus dipun subyo lan dipun luhuraken dening sekathahing tiyang ingkang sami mirengaken piwucalipun. Ananging ugi wonten sagolongan tiyang ingkang kosok wangsulipun, malah nacad, maido, lan mboten ngajeni babar pisan piwucal saha sedaya pakaryaning Gusti Yesus ingkang kababaraken kanthi trang terwaca punika. Gusti Yesus mboten napa-napa, tetep nglajengaken piwucal lan paseksinipun bab pawartos Injil ingkang kedah kawartosaken dhateng sekathahing manungsa ing jagad punika.

              Wusananipun sumangga kula lan panjenengan sedaya kasuwun tetep semangat, setya dhateng janji mbangun pemanggih-pemanggih ingkang luhur lan agung bab Gusti Yesus ing jagad punika. Panjenengan sampun ngantos mboten saget mbangun pitepangan kaliyan Gusti Yesus nanging kasil mbangun pangertosan bab Yesus Kristus kemawan. Proyoginipun samia mbangun pitepangan ingkang njalari saha ngungkuli saking pangertosan panjenengan bab Gusti Yesus ing gesang punika. Kanthi cara bilih Gusti Yesus Kristus punika mboten namung teori bab Tuhan; ananging Yesus punika kasunyatan lan pengalaman ingkang nyoto ing gesang kita. Amien.