RENUNGAN WARTA GEREJA GKJ KLATEN MINGGU, 28 SEPTEMBER 2025

WASPADA MARANG KAREM BANDHA

(Lukas 16:24)  Banjur nguwuh-uwuh, aturé: Dhuh, Rama Abraham, mugi karsa paring kawelasan dhateng kula. Lazarus mugi kadhawuhan nyelupaken pucuking drijinipun ing toya, kanggé ngasrepaken ilat kula, amargi kula nandhang sangsara sanget wonten ing urubing latu punika.

“ Salam rahayu, katentreman lan kawilujengan ing Gusti Yesus Kristus wontena ing sederek sedaya “

Bandha donya, punika kasunyatan ing gesang dados perangan ingkang dipun budidaya sanget dening sekatahing manungsa supados sami pikantuk sak katah-katahipun. Bandha donya punika kados dene toya sarem utawi banyu segara, sanajan cacahipun kimplah-kimplah; ananging mboten saget dipun ombe lan damel marem tiyang ingkang ngelak. Malah nalika ngelak lajeng ngombe banyu segoro, tiyang wau mboten dados marem, ananging malah sansoyo kraos garing lan ngorong jangganipun. Mboten namung punika, bandha donya ingkang dipun pindhakaken segara ugi ngemu pangertosan mbebayani; maksudnipun kados dene segara ingkang awit jero lan wiyaripun, menawi badhe njajagi lan ngubengi ambanipun, mboten badhe saged kadugi. Lah mekaten ugi bandha donya punika, sansaya kathah anggenipun nglempakaken, malah dados perangan ingkang mbebayani kawilujenganning tiyang ingkang nampeni. Saged ndadosaken kerem (tenggelam), lan ngicali raos marem nanging badhe mbereg tiyang pados bondha tanpa wonten wates maremipun. Punika ugi mbebayani.  

Carios Injil bab tiyang sugih lan miskin ingkang sami-sami dumawah ing pati punika, saged paring gambaran cetha; bilih tiyang sugih sak sugih-sugihipun mboten badhe saged kesugihanipun punika mitulungi kawontenanipun gesang ing jagading pati. Sepisan malih kasugihan ingkang arupi bandha donya punika namung kamuspran sifatipun. Malah dados dadakan tuwuhing kasangsaran.

Dipun gambaraken nasibipun tiyang sugih ing alam pati punika nandang rekoso sanget; kosok wangsulipun nasibing tiyang ingkang mlarat nalika gesang taksih ing bumi, malah nalika sampun  wonten jagading pati, tiyang punika pikantuk kawigatosan tresna saking Gusti Allah. Kanthi dipun papanaken ing pangkoning Rama Abraham; lan mamapan ing Kedathon ingkang kebak kamukten, katentreman, lan kaluberan berkah saking Allah Sang Rama. Wondene tiyang sugih, rekaos sanget nasib gesangipun ing alam langgeng. Hawanipun paniksa, benter, lan ngorong. Mila tiyang sugih punka ngantos sambat dhateng Rama Abraham: …” Dhuh, Rama Abraham, mugi karsa paring kawelasan dhateng kula…” Tiyang sugih punika nyuwun pambiyantu lan pitulungan arupi nyuwun toya bening kagem nambani salit lan ngorong ing jangganipun.

Gusti Yesus maringi carios pasemon puniak, supados kita sampun ngantos dados tiyang ingkang gampil karem bandha. Awit bandha punika dipun perlokaken nanging mboten pareng anggenipun pados lan mbudidaya pikantuk bandha punika kanthi hawa tanpa raos syukur; takabur tanpa wonten wates maremipun; lan bandha donya dipun regemi keket tanpa wonten niat kagem dipun edum lan agem mitulungi kekirangan lan kasekenganipun sesami. Sedaya  patrap karem dhateng bandha kasugihan ing donya punika, sedaya mbilaeni. Mila samiyo mbangun patunggilan pitados dhateng Gusti Yesus Kristus, ingkang kuwaos mitulungi panjenengan saking godanging karem bandha. AMIEN. (SP)