RENUNGAN WARTA GEREJA GKJ KLATEN MINGGU, 26 APRIL 2026

DIPUN ÉWAHI DÉNING SIH-RAHMAT

(Yohanes 10:9-10) 9 Aku iki lawangé; sapa kang mlebuné metu ing Aku, iku bakal kaslametaké, sarta bakal mlebu lan metu, apadéné bakal nemu pangonan. 10  Maling iku tekané mung arep nyolong lan matèni sarta nyirnakaké; Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwé urip, lan uripé iku kanthi kalubéran.

“ Salam rahayu, Sih Rahamat lan Kawilujengan saking Gusti Yesus Kristus wontena ing para sederek sedaya”

Waosan Injil dinten menika mugi saged nulungi kita supados saèstu mangertos menapa ingkang sampun dipun télakaken lumantar rawuhipun Gusti ing donya. Sang Kristus nélakaken bilih Panjenenganipun menika Pangèn ingkang utami, ingkang nuntun kita, pepanthan méndanipun, dhateng ing pangènan ingkang ijo suketipun (Yoh 10:11-12 lan Maz 23). Gesang ing saklebeting dipun awasi lan dipun rimati déning Sang Pangèn menika berkah, amargi ing saklebeting pangrimatipun Sang Pangèn Ingkang Utami, kita gesang kanthi ayom lan ayem. Menika janji ingkang kedah kita pitados lan kita aturi panuwun sokur amargi janji menika mbekta kita dhateng gesang ing saklebeting panganthinipun Gusti, saé sakmenika mekaten ugi mbénjang. Janji menika nélakaken bilih Gusti saèstu perduli dhateng gesanging manungsa. Lumantar pangurbananipun ing kajeng salib, sedaya janji menika dipun tetepi lan saged kita raosaken sakmenika. Kejawi menika, Sang Kristus ugi nandhesaken bilih namung lumantar Panjenenganipun kita saged ngraosaken janji menika. Menawi mboten lumantar Sang Kristus, kita namung tumuju dhateng karisakaning gesang (pejah langgeng). Sedaya ingkang dumugi sakdèrèng lan saksampuning Panjenenganipun namung ndhatengaken karisakan (pejah). Menika ingkang dipun kersakaken kanthi nyebat Sang Kristus minangka kori (lawang – Yoh 10:9-10). Namung medal kori menika para ménda saged tumuju papan ingkang saé piyambak lan ngraosaken kawilujengan.

Saking andharan menika, wonten kalih perkawis ingkang kedah kita gatosaken. Ingkang sepisan, nalika Gusti Allah ngatag umat supados ngalami éwah-éwahan, menika mboten kanthi meksa lan nyiksa. Malah lumantar sih-rahmat lan welas-asih Gusti Allah ngersakaken sedaya tiyang ingkang nampèni kawilujengan menika saèstu ngéwahi gesangipun sakwetahipun. Kaping kalihipun, bilih lumantar menapa ingkang dipun télakaken déning Sang Kristus, kita ugi nampèni pangandikan bilih Gusti tansah njagi kita nalika kita saestu mbudidaya ngéwahi gesang, ngantos dumugi gesang ing kayektèn. Gusti paring janji bilih badhé tansah nyarengi, kados déné pangèn ingkang ngirid méndanipun dhateng ing pasuketan lan toya ing panggènan ingkang tentrem. Nalika kita sampun ngraosaken pangrimat, kawilujengan, lan pangayomanipun Gusti, sumangga kita ugi mujudaken sedaya perkawis saé menika ing sakelebeting gesang ing griya, gréja, papan nyambut damel, ugi ing sadhéngah papan ingkang kita dhatengi. Sumangga kita kanthi saèstu nélakaken bilih kawilujengan ingkang dipun paringaken déning Sang Kristus saèstu damel donya kaanyaraken, saé kanggé manungsa ugi sedaya titah sanèsipun. AMIN. [MPP 2026 – sp]