MAKARYA, LARAS KALIYANROH SUCI
( “Bekerja, Bersama Selaras Dengan Roh Kudus”)
PENTAKOSTA – Hari turunya Roh Kudus
( Yohanes 20:21-22) 21 Yésus banjur ngandika manèh, “Tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh! Kayadéné Rama anggoné ngutus Aku, mangkono uga saiki Aku ngutus kowé.”
22 Sawusé ngandika mangkono, Panjenengané banjur ndamoni para sakabat lan dipangandikani, “Padha nampanana Roh Suci.
“ Salam rahayu, katentreman saha kawilujengan saking Gusti Yesus kanthitedhaking Roh Suci wontenaing para sederek sedaya “
Para sadhèrèk ingkang dipun tresnani Gusti,Punapa naté rumaos rupak utawi buntu, karaos boten saged obah babar pisan (stuck) dhateng pundi-pundi? Pangraos makaten punika saged dipun temahi saben tiyang kanthi manéka warni wewaton. Kawontenan badan ingkang kesel, nepsu-muring, karohanèn, lan manéka guleting batos (pergumulan) sanèsipun ingkang njalari tuwuhing pamawas bilih gesang punika damel sayah-lungkrah, botenwonten daya, lan rinengga ing mawarni-warni pameteg. Menawi dipun kèndelaken kémawon tanpa olah rasa kanthi prayogi, pangraos rupak-buntu lan stuck (mandheg tanpa obah) nuwuhaken pangaribawa ingkang boten prayogi mari ngenering gesang. Manéka katrangan ingkang saged kapanggihaken saking manéka sumber mratélakaken bilih pangraos stuck lan rupak mangaribawani ing bab kasarasan jiwa (kesehatan mental) ingkang mawujud wontenipun stres, raos kuwatos, depresi. Pangraos stuck lan rupak ugi mangaribawani maringginanipun pamawas (kognitif) kadosta angèl nggatosaken (fokus). Adrenging manah (motivasi) lan asiling pakaryan (produktivitas) sangsaya mrihatosaken awit icalipun daya gesang, lan tundhonipun kasagedan makarya (kinerja) sangsaya susut.
Injil Yokanan 20:19-23 paring pitutur bab kawontenan manahipun para siswanipun Gusti Yésus. Tiyang-tiyang punika nglempak ing satunggaling papan ingkang korinipun kakunci rapet sanget. Pangraos ingkang ajrih dipun temahi déning sadaya siswanipun Gusti Yésus.Kagambarna nalika sapepantha tiyang ingkang manggèning papan tertentu winengku ing raosing batos ingkang kapeteg. Tiyang-tiyang punika sami ngraosaken stuck, rupak, lan boten kuwagang nglajengaken lampahing gesang kanthi saprayoginipun. Ing satengahing kawontenan punika, Gusti Yésus rawuh maring para siswanipun. Injil Yohanes nyariosaken bilih Panjenenganipun rawuh lan jumeneng ing satengahing para siswa lan nyapa-aruh: “Tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh!” Sapa-aruh punika mirunggan sanget. Sapa-aruh saking Sang Guru ingkang sampun dipun tepang. Panjenenganipun ngrawuhi para siswa kagem netepi prasetyanipun ingkang sampun naté dipun pangandikakaken tumrap para siswa, bilih Gusti Yésus naté prasetya bab rawuhipun Sang Juru Panglipur. Injil Yokanan 14:4b-15 nyariosaken bab pakaryaning Sang Juru Panglipur ingkang kaprasetyakaken déning Gusti Yésus. Juru Pitulung punika inggih Rohing Bebener, Sang Roh Suci ingkang dados pangéjawantahipun Gusti Allah piyambak. Panjenenganipun ndamoni para siswa lan ngandika: “Padha nampanana Roh Suci.”
Kedadosan pinaringan Roh Suci tumrap para siswa kelampahan nalika para siswa ngraosaken kawontenan batos ingkang winengku ing raos ajrih sanget, kuwatos jalaran dèrèng saged nglarasaken kawontenan manah kaliyan kasunyatan ingkang dipuntingali. Pangraos kasebat mobat-mabot ing salebeting manahipun para siswa. Wewayangan kekerasan, panandhang, sédanipun Gusti Yésus kanthi kasalib nutupi warta patangèn ingkang sampun kapratélakaken déning Maria Magdaléna (Yok. 20:18). Para siswa “stuck” – boten saged obah babar pisan ing salebeting manah ingkang rempu-remuk ajur. Kawontenan mandheg punika ndadosaken para siswa boten kuwagang nglarasaken manahipun kaliyan warta kabingahan ingkang kabekta déning Maria Magdaléna. “Padha nampanana Roh Suci,” pangandika ingkang ngemu makna lebet kapratélakaken déning Gusti Yésus kinanthénan wiyos ing napasipun. Tumindak punika katindakaken déning Gusti Yésus murih ngèngetaken para siswa magepokan cariyos tumitah ing samukawis. Tanpa kadamu déning napasing Gusti Allah, manungsa ingkang kawangun saking lebuning siti panggah dados lebu ingkang kaku saha pejah. Kanthi pandamuka sebat, para siswa ingkang “pejah” kadadosaken gesang malih déning Gusti Yésus. Para siswa lajeng kuwaga ngobah makarya lan nglarasaken manahipun maring Roh Suci. AMIEN.[mpp-2026].