RENUNGAN WARTA GEREJA GKJ KLATEN MINGGU, 07 JULI 2024

SAK ABAD…NYAWIJI, NGABEKTI, MIGUNANI..

( Edisi Peringatan HUT-100th GKJ Klaten )

( Efesus 4:11-13) 11 “ Lan iya Panjenengané kang maringi para rasul, para nabi, para juru-warta Injil, mangkono uga para pangon lan para pamulang, 12  supaya padha nyamektakaké para suci anggoné nindakaké ayahan leladi, minangka pambanguning sarirané Kristus, 13  nganti kita kabèh wus padha bisa nggayuh manunggaling pracaya lan kawruh kang bener tumrap Putraning Allah, kadiwasan kang sampurna, lan tataraning tumuwuh kang laras karo kasampurnaning Kristus,..”

“ Salam rahayu, mugi katentreman, kawilujengan, saha berkahipun Gusti Yesus wontena ing para sederek sadaya …Amien “

              Satus (100 tahun) utawi sak abad; punika yuswa adheging Pasamuwan Kristen Jawi Klaten (6 Juli 1924 – 6 Juli 2024). Ing pundhi tahun punika ndukap wegdalipun sedaya Pradhata dalah warganing pasamuwan GKJ Klaten sami gumregah mratelakaken pengetan ambal warsaning pasmuwan. Pancen kedah dipun aosi saha mangertosi bilih pengetan ambal warsa ngantos satus (100 tahun) mekaten punika kagolong langka lan mligi (istimewa). Mboten sedaya saget menangi lan mengeti ambal warso ngantos atusan tahun ambal warsaning pasamuwan. Punika ugi dados gambaran bilih sagedipun lestari ngadheg ngantos atusan tahun mesti wonten andil lan pambudidayaning sedaya pihak ingkang pancen kersa nggulawentah, njagi, lan mbelani adheging pasamuan punika piyambak. Menawi ingkang dumados kosok wangulipun, malah kathah ingkang sengaja ngrisak patunggilan, mesti adheging pasamuan mboten badhe lestantun ngantos atusan tahuin.

              Puji sykur konjuk dhumatheng ngarsanipun Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng minangka Ratu lan Pangarsaning Pasamuan ing GKJ Klaten ngantos sak punika. Sedaya namu  namung awit sakin kamiran lan pangreksanipun Gusti Yesus piyambak. Wondene pasamuwan ingkang dados warga ing GKJ Klaten saha para pelados ingkang makarya, sedaya ugi kagungan tanggel jawab memayu saha mbudi daya saget tetep wetah lan lestantuning kawontenan nyawiji dalah ngabekti ning pasamuan dhumatheng Gusti Allah Sang Rama, saha lumadosing katresnan kagen sesami. Kanthi tanggel jawab sami gesang olah katresnan,mboten sami bebencengan, saget sami dene ngajeni, apura ingapura, lan leldos nyambut damel sesarengan. Sedaya dipun lampahi kanthi raos syukur dhumatheng Gusti Allah. Ugi kanthi patrap andah asor lan purun iklas misungsungaken sedaya peparing/karunia rohani saking Sang Roh Suci kagem nambah indak-indhakaning patutunggilanipun pasamuan punika. Panggodho, bebaya, crah lan bebencengan ing pemanggih; saget lan kepara asring nempuh adheging pasamuwan; nanging sedaya kedah dipun adhepi kanthi sareh, sabar, mantep ing pracaya, lan tetep ing tata gesang panembahan ingkang kebak katresna. Satemah mboten pareng sedaya punika dados dadakan tuwuhing perpecahan napa malih risaking patunggilan.

              GKJ Klaten sampun tuwuk ngadepi sedaya godho lan pacoben ing tengah nggulawentah pasamuan. Pramila mesti sampun langkung tatag, tanggon, lan permana ing satus (100 tahun) yuswanipun punika. Mangga sansaya bakuh anggen kita sami jumeneng ing kayektosan, raket ing patunggilan kanthi gesang tulus nindakaken katresnan, saha tekun taberi lelados dhumatheng Gusti Allah Sang Rama, Sang Putra, dalah Sang Roh Suci. Mekaten ugi sansaya titen mangertosi saben kaprihatosan ingkang dumados ing tengah gesang kita kaliyan sesami, ngantos gumregah mbabaraken pitulung tanpa pamrih dhateng sadaya tiyang. Wusananipun ngaturaken : “Wilujeng Ambal Warsa GKJ Klaten ingkang Kaping 100 Tahun…Linangkung Nyawiji, Ngabekti, lan Migunani…” Gusti Yesus mberkahi….AMIEN.