RENUNGAN WARTA GEREJA GKJ KLATEN MINGGU, 22 SEPTEMBER 2024

WICAKSONO SUPADOS ANDHAP ASOR

(Markus 9:34-35) 34  Nanging kabèh padha meneng baé, sabab nalika ana ing dalan mau padha bebantahan bab sapa kang pinunjul ing antarané para sakabat iku. 35  Yésus banjur lenggah lan nimbali sakabat rolas iku sarta ngandika, “Menawa wong kepéngin dadi kang dhisik dhéwé, iku dadia kang kèri dhéwé saka antarané wong kabèh lan dadia paladèné wong kabèh.”

“ Salam rahayu, katentreman saha kawilujengan mugi tansah wontena ing para sederek sadaya…”

              Andhap asor, utawi rendah hati; punika satunggaling patrap ingkang saestu mboten gampil dipun bangun ing gesang manungsa. Malah rata-ratanipun bab sikap andhap asor punika dados perangan ingkang dipun tampi ringkih, mila mboten saben pribadi kersa nampi saha nglampahi ing gesang andap asor saben dintenipun. Linangkung gampil menawi nglampahi gesang kanthi kawontenan pinunjul, dipun subya, dipun agung-agungaken dening sasami, lan kawontenan sarwi nampi pangalembana; temtu niki langkung sakeca dipun lampahi saha tampeni dening sekatahing tiyang.

              Para murid ipun Gusti Yesus ugi berjuang ngadepi raos melik kepengin dados pangarsa ingkang tansa nampi papan luhur, utami, lan sarwi nengsengsemake punika. Saking raos melik mekaten lajeng sami mbudidaya supados pikantuk ingkan dipun kersakaken; injih punika pengin dados pribadi ingkang pununjul . Ananging Gusti Yesus pirsa lan mboten ngeparengaken pemamggih punika dados paugeran ing gesangipun para murid; pramila Gusti Yesus ndawuh supadasa sedaya  karsa nampeni piwucal ingkang mekaten : “Menawa wong kepéngin dadi kang dhisik dhéwé, iku dadia kang kèri dhéwé saka antarané wong kabèh lan dadia paladèné wong kabèh” ( Markus 9:35). Saking punika saget kita titipriksa bilih supados saget dados piyantun ingkang misuwur punika kelampahanipun menawi purun mbangun patrap kados dene lare alit ingkang dipun papanaken dening Gusti Yesus ing satengah-tengahing para murid punika, kanthi dawuh sinten ingkang pengin misuwur kedah mbangun patrap andhap asor; injih punika mboten dodos tiyang ingkang nggadahi kekarepan tansah ing ngajeng piyambak; ananging malah dados pribadi ingkang paling alit, mapanipun asor ing wingking piyambak, saha purun dipun dawuh ngldosi sedaya tiyang kanthi kebaking manah bingah saha pakurmat ingkang ageng. Mila kanthi mekaten tiyang punika badhe nampi kamulyan, pinunjul, dalah damel rena ing ngarsaning Gusti Allah punapa ugi Ing sak ngajenging sesami manungsa. Sedaya punika sagetipun kalampahan, menawi panjenengan sami kadunungan kawicaksanan. Wicaksana kanthi cara mboten ngedahaken saha adreng sanget anggen panjenengan melik papan pinunjul lan kalenggahan misuwur punika. Kawicaksanan kados punika mapanipun wonten ing kendalining diri lan ati kita. Ing pundi kita tansah emut lan waspada dhateng sedaya hawa melik ingkang tuwuh ing gesang punika, sampun ngantos gesang dipun kuwaosi dening hawa melik datheng kalenggahan-kelenggahan utami, ananging sami ngendaleni diri supados milih lan mapanaken dhiri minagka abdi alit, ingkang wantun dipun patrapi minangka pelados ingkang kedah ngladosi sedaya tiyang kanthi hawa iklas, tulus, dalah murni. Mesti kanthi punika Gusti Allah badhe pirsa bilih ing watak luhur mekaten, tiyang punika badhe dipun bopong dening astanipun Gusti lan dipun adhegaken wonten ingtengah-tengahing para umat sedayanipun, supados nanpi pakormat lan panggunggung ingkang dipun keparengaken dening Gusti Allah kita. AMIEN.